Cerita Wayang
Lairipun Raden Gathutkaca
Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara
judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring
dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang
kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok
puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya dhateng raka
prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang
Pandhawa.
Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Harjuna kinen ngampil sanjata
Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Harjuna
lajeng bidhal dhateng khayangan Jonggringsaloka. Raden Harjuna rumaos
kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden
Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Harjuna enggal- enggal nyuwun
pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih
kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Harjuna ananging
Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget.
Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Harjuna. Raden Harjuna
lajeng gegencangan kondur dhateng kasatriyan Jhodipati.
Dumugi ing kasatriyan Jhodipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna.
Sadaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul naming warangkanipun
kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Werkudara.
“Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi, najan
iku mung wujud warangka, nanging bias mrantasi. Mara age tamakna menyang
pusering putramu Yayi! Sing waspada ya Dhi!”
Dupi tampi dhawuhanipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara
Boten tidha- tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi.
Sanalika puser pedhot, ari- ari musna, nanging warangka sirna manjing ing
pusering jabang bayi. Raden Werkudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku!
Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”
Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng
sadaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh Yayi! Pun kakang ora
maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirangna kandhaku
ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris Manawa
warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sartaiku dadi sifat
kandele. Nanging wanti- wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbisuk lamun ana curiga
ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”
Pangandikahipun Sri Batara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah
kadang Pandhawa sadaya. Kala samanten jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang
jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara- gara punika. Saking
kaparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan
jabang bayi punika dipundadosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundadosi
malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
Ing salajenganipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen
numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani prabu Kala
Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak- abrik kahyangan
Jonggringsaloka. Radhen Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala pracona dalah
patih kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wedyabalanipun sami bubar
mawur.
Sesampunipun purna
dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng
kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika
Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sadaya Para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara
Kresna sami suka- suka lajeng bojana andrawina.
Adipati Karna
Dicritakake ndisik ana putri kang ayu ,
sing jenenge Dewi Kunthi. Dewi Kunthi nikah karo Prabu Kumojoyo lan urip
ing desa kerajaan sing jenenge “Pandhawa”. Dheweke dikaruniai anak sing
jenenge, KARNA . Sakwise Pirang tahun Dewi Kunthi nduwe anak meneh sing
dijenengake ARJUNA. Dewi Kunthi sayang banget marang Arjuna ,
ndelok kabeh iku Karna ngarasa awake gak diperhatekne marang ibune, Karna
sampek nguncali watu marang ibune, Dewi Kunthi utawa ibune iku langsung nesu
marang Karna, tanpa gak sadar Dewi Kunthi ngomong kang sing gak apik marang
Karna sing nyebabake Karna lara ati. Akhire Karna milih ngaleh saka Kerajaan
Pandhawa.
Sak wise pirang-pirang tahun Karna
kalungonan Karna saka kerajaan, ibune mesti nggoleki lan nangisi karna. Ing
sawiding dina , pasa ibune mikirne Karna lan njaluk marang para dewa ngge
nemokake dheweke karo Karna. Ora suwene wektu , kakrungu swara bocah enom
suarane kaya Karna.
Ing istana Karna ketemu ibune, nanging maksud mbalike Karna ing kerajaan uduk kangge ketemu kaluarga lan dulure. Nanging maksude Karna yaiku kangge ngerti keadaan ibune lan karna njaluk restu kangge dadi Ksatria perang. Ibune ora ngrestuake amergo yen dadi Ksatria perang podo karo Karna nglawan adi adine dhewe. Karna ora nggagas , lan dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusan Karna.
Ing istana Karna ketemu ibune, nanging maksud mbalike Karna ing kerajaan uduk kangge ketemu kaluarga lan dulure. Nanging maksude Karna yaiku kangge ngerti keadaan ibune lan karna njaluk restu kangge dadi Ksatria perang. Ibune ora ngrestuake amergo yen dadi Ksatria perang podo karo Karna nglawan adi adine dhewe. Karna ora nggagas , lan dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusan Karna.
Akhire , peperangan antara
Arjuna saka kesatrian Madukoro dadi Ksatria perang Negara Amarta
melawan Adipati Basukarno utawa Karna saka Awonggo dadi Ksatria perang Negara
Astina.
Prabu Salyo lan Sengkuri nduwe rencana arep mateni Abimanyu, salah siji anak
saka Arjuna, Amergo pihak Astina kaweruh Kerajaan Amarta arep
diturunake marang Abimanyu, amerga kuwi sasaran utamane yaiku mateni Abimanyu.
Pas wektune perang, Abimanyu wis okeh
katusuk anak panah, nanging Abimanyu tetep nahan sampek mati . Sak wise, Mase
Semar nemokake mayit Abimanyu sing kagletak kaku. Mase Semar karo Kresna yaiku
kakak Arjuna bingung mikirake Kerajaan Amarta. Arjuna sing durung ngerti
katiwasan putrane terus nyusun rencana kangge mbinasakake Ngastina. Sak
wise ngerti katiwasan putrane, Arjuna langsung maju kadewean kanggo
nglawan Prajurit Ngastina. Kurawa ngrasa senang, amergo biso mateni Abimanyu.
Nanging tanpa diweruhi, Abimanyu ndue garwa sing lagi mbobot, lan mengkone anak
iku sing ngantikake Abimanyu.
Karna nantang Arjuna kangge ndang
perang. Nanging Arjuna menolak, amergo dheweke ngerti Karna iku sadulur
kandunge dhewe. Karna ngongkon Arjuna njupuk senjatane. Nanging Arjuna
nolak ngge perang. Akhire atine Karna luluh, terus Karna lan Arjuna
saling kapelukan. Karna sadar Arjuna iku adik siji-sijine sing didhuweni. Ibune
weruh lan ngrasa seneng.
Nanging Karna nguculake pelukanne, lan
nuduh Arjuna sekongkol arep menusuk dheweke saka mburi. Akhire Karno lan Arjuna
berkelahi hebat , ibune menangis ngaharep kaloro putrane iku mandekake
kagelutan iku. Akhire Arjuna terjatuh. Arjuna sengaja ngalah demi Ibune, lan
ngaharep atine Karna bisa luluh. Kaweruhan kuwi Kurowo ngguyu cekakakan
amergo Arjuno kalah.
Nanging kagelutan iku tetep sido,
Sampek – sampek saya memanas. Wektu peperangan kalakon hebate ana keanehan loro
ksatria sing pinter manah iku pada-pada ngetokake akeh anak panah nanging ora
enek siji wae sing ngenei kaloro-lorone. Kadang mandek terus pada pepandang,
pada netesake banyu mata. Prabu Salyo(Kusir Karna) lan Prabu Kresno (Kusir
Arjuna)kalorone ngerti, kaloro-lorone putra Dewi Kunthi iku ora saling tega
mateni sampek ngloroni sitik wae dadi ora enek sitokae panah pas sasaran.
Wektu sesino pada saling tempur, saling
ngetokake senjata saktine, saling ngudanke panah nanging ora enek sitokwae sing
ngeneki awak. Prabu Kresno dadi kusir Arjuno lan botohe Amarta (Pandawa) ngerti
persis senjata Pasopati sing dipasang ing gandewa Arjuno. Dadi Tali kusir jaran
disentak dadi jaran gerak mangarep pas wektu Pasopati wucul saka gandewa sing
awale diarahke mung ning ngarep Karno nanging amergo kereta gerak mangarep dadi
Senjata Sakti Pasopati pas ngeneki gulu Adipati Basukarno utawa Karna. Anak Dewa
Surya iku mencelat kenek kereta sampek kereta ajur. Kaweruhan kabehiku
Dewi Kunthi utawa ibune Karno lan Arjuna, ngerti yen anake kang pertama iku
kabener lunga kanggo salawase.
Pitutur Luhur : Adipati Karno cinta marang tanah air yaiku bales budi marang negara kang bahagiake lan ngeweki panggonan kang bahagiake lan ngeweki panggonan kang apik nganti mati, sanadyan lawane dulure dhewe.
Pitutur Luhur : Adipati Karno cinta marang tanah air yaiku bales budi marang negara kang bahagiake lan ngeweki panggonan kang bahagiake lan ngeweki panggonan kang apik nganti mati, sanadyan lawane dulure dhewe.
Komentar
Posting Komentar